Senin, 26 Januari 2015



SEGEDHE KUKU




1.           SMA

P
ersahabatan diwiwiti kawit cilik umur limang taun. Persahabatan iku antara Diana lan Karin. Diana lan Karin sekolahe bareng trus wiwit SD, SMP, lan SMA. Wektu SMA Diana lan Karin ana ing SMA padha nanging bocah loro kuwi ora tau sekelas.
          Yen Mangkat sekolah cah loro kuwi mangkat bareng. Prestasi Diana lan Karin ya, rodok menojol ya bisa diarani sedengan lah nek kelas nanging bisa ngikuti pelajaran ing kelas kanthi lancar. Cah loro kuwi ora pinter nanging tekun sinau sing gawe bocah loro kuwi bisa ngikuti pelajaran ing kelas. Wektu nyedaki Ujian Nasional bocah loro sinau bebarengan supaya bisa intuk nilai apa kang dikarepake.
“ Rin, mengko bar bali sekolah langsung sianu bareng ya?” Diana semangat                  
“ Iya ayo din, ameh padha sinau bareng nek ngendi? Karin ganti nakoni              
“ Piye nek sinau bareng ing ngomahku?”     
“ Iya siap!” Jawab semangat
Bel sekolahan muni nandakake pelajaran uwis rampung lan wayahe bali. Krungu bel sekalahan, Diana langsung cepet-cepet ngringkesi buku-buku banjur ninggalake bangku lan metu saka kelas. Diana marani Karin ing kelase supaya bisa bali bareng. Karin metu saka kelas, cah loro mlaku ninggalake sekolahan.
Karin ora lansung bali omah amerga arep sinau bareng karo Diana. Sakdurunge sinau bareng ing omahe Diana, Karin ngabari ibune lewat SMS yen arep sinau bareng. Karin ngabari supaya ibune ora goleki lan kwatir.
Sinau bareng rasane asyik amerga bisa ijol-ijolan pendapat, menawa salah sijining bisa ngerjake soal lan sijine bingung garab, iku bisa diajari sing bisa ngerjake soal. Yen loro-lorone ora bisa garab soal, soal kang ora bisa dicatet terus ngesuke pas mangkat sekolah bisa ditakonke ing guru. Uwis rampung sinau, Karin lansung bali terus nuju ngomahe kang ora aduh karo omahe diana.
                             ***
Ujian Nasional kari ngitung dina. Para wong tua padha nyemangati lan dongake anak-anake supaya bisa lulus Ujiaan Nasional kanthi biji utawa nilai apik kaya apa kang dikarepake. Diana dikandani ibune babagan sinau.
“ Iki kan uwis nyedaki ujian nasioanal mula kudu sinau sing tenanan nduk, supaya bisa lulus ujian kanthi miturut apa kang dikarepake bisa kawujud.” Ngandani nanggo swara alus.
“Inggih ibu, kula bakal sinau tenanan, menapa asilipun mangke kehendak Allah.” Jawabe Diana
Diana digembleng wong tuane dikon sinau. Saben wayah sianau Diana dielengke ibune terus. Gadis iku nuruti apa kang dadi kekarepane wong tua. Nanging selot suwe krasa mulai bosen dikon sinau terus-terusan. Diana mulai brontak ananging brontake iseh ngilingi pesen ibune. Dheweke luwih seneng sinau miturut kekarepane dhewe.
Esuk-esuk jam 05.00 WIB, gadis remaja kuwi tangi lan ninggalake kasur, mlaku nuju kran langsung jupuk banyu kanggo wundhu. Bar wundhu balik kamar lansung sholat subuh. Rampung sholat langsung buka jedela kamar supaya angin kang adem bisa mlebu ing kamar. Dheweke ngingeti pemandangan kang iseh di selimuti kabut sing ana ing sekitar omah, yen dirasake, rasane seger baget. Bar kuwi langsung adus.
Rampung adus dandan, sisiran karo ngaca. Rambute Diana kang lurus di rembyak lan dijepiti pita warna abang. Dijepiti nganggo pita warna abang Gadis remaja kuwi keton ayu. Terus siap-siap kanggo sekolah. Sakdurunge mangkat sekolah, sarapan ndisik lan pamitan karo bapak ibune.
Mangkat sekolah Diana ngenteni Karin ing panggonan biasane yaiku nek prapatan komplek. Durung tekan prapatan, Hand Phone muni. Dheweke intuk SMS saka Karin sahabate.
“HEY…..,,,
Diana, kuwe mangkat sekolah disik bae amerga mangkatku rada telat, daripada kuwe ngenteni suwi ing prapatan mending kuwe mangkat disik.”
SMS rampung diwacalan dibalesi, dheweke langsung mlaku nuju mandekan bus. Tekan sekolahan dheweke kumpul karo kanca-kancane kelas. Bel sekolah muni sing padha kumpul – kumpul lansung bubar nuju bangkune dhewe-dhewe. Pelajaran diwiwiti, Dianan ngrungoke tenanan babagan apa kang dijlentrehake guru ing ngarep kelas. Wektu jam istirahat Karin marani Diana ing kelas. Karin ngajaki jajan ing kantin sekolah. Gadis remaja loro iku lungguh ing kursi disambi maem jajan.
“ Kuwe kok ora kaya biasane Din?” takonane Karin
“ Ora kayak biasane piye? Aku jeh kayak biasane, ora ana sing maleh.” jawabe Diana rada ora sumpringah.
          Karin ngerti saka aura wajahe ora sumpringah. Sahabate dino iki beda lan tingkahe ora kaya biasane.
“Ora ya ….., kuwe kayake dina iki gak semangat. Apa aku salah wektu tak SMS nek gak sido mangkat sekolah bareng?” bingung
“Kuwe ngomong apa to Rin….., kuwe iku gak salah ya…, masalah sing wektu pas gak mangkat bareng kanggo aku ora pa-pa ya, iku gak tak permasalahke.”
Karin tetep takon-takon Diana, amerga pengen ngerti apa penyebabe Diana dina iki kok ora semangat lan lesu. Dadi sahabai sing apik pengen ngerti permaslahane apa kang lagi diadepi sahabate.
“ Lha terus kenapa?” Karin pengen ngerti
“ Jujur ya…., aku nek ngomah dikon sinau terus karo wong tuaku, kamangka yen aku sinau terus pengen saka kekarepanku dhwe. Aku ya ngerti karepe wong tuaku iki apik. Kayak ameh tengok – tengok sedeluk mesti ora bisa amerga dikenthongi kon sinau. Arep ora nindakake mengko diceramahi. Sinau terus – terusan ya emang apik nanging yen sinau porsinine saumpama mung segelas yen diisi terus bakale kan mutah. Semono uga sinau yen ngluwehi porsinine ya bakal ora mlebu.” Panjelasane Diana.
“ Oalah…, sing mbok rasake saiki masalah kuwi to.., Kuwe ya kudu ngomong apik – apik karo wong tuamu, sapa ngerti apa sing mbok karepake bakalngerti.” Ngandani
“ Iya pancen bener kandamu Rin, nanging aku arep ngomong ngono kok wedi ya?” bingung
“ Ora usah bingung, ngomong apa anane bae, daripadaa tertekan kayak ngene.”
“Iya mengko tak jajal matur karo wong tua.” Clotehe Diana.
Bar saka kantin, jajan lan omong – omongan, gadis remaja loro kuwi mlaku nuju kelase dhewe – dhewe lan siap kanggo nampa pelajaran saking Bapak/ibu guru.
Bali sekolah gadis remaja kloro kuwi padha muleh bebarengan, numpak bus, lan gegojekan ing ndalan. Tekan prapatan komplek langsung padha padha pisah nuju omahe dhewe – dhewe.
***
          Ujian Nasional kurang seminggu maneh. Para siswa kelas XII padha minggu tenang. Minggu tenang yaiku para siswa kelas XII libur sekolah nanging kanggo nyiapake Ujian. Diana arep ngadepi Ujian Nasional ora ana rasa dek-degan. Dheweke malah pengen ndang ujian amarga pengen banget beban kuwi ndang ilang. Seminggu libur sekolah, dheweke mung tengok – tengok ing omah lan karo maca sitik –sitik supaya apa kang disinauni ora ilang.
          Libur minggu tenang sabenere Diana dijak Karin sahabate lunga mlaku-mlaku utawa refresing ing daerah sing bisa gawe ati ayem, adem, lan pikiran ora kemprungsung, supya mengko yen ngadepi soal ujian bisa garab nganti lancar. Nanging Diana ora bisa melu rencanane Karin kang pengin liburan bareng. Diana ora melu rencanane Karin amerga ora diintuki wong tuane lunga – lunga. Akhire Karin lunga liburan karo kanca-kanca kelase.
          Karin lunga liburan mung sedino, Esuke Karin dolan ing ngomahe Diana sing jarak omahe ora patio aduh. Karin dolan pengin crita apa kang dialami wingi pas liburan.
          “ Thok…. Thok…” nggedok lawang
(Ana swara sing nyauti saka jero omah, lan lawang di buka)
“Oalah… kuwe to nduk…, ayo mlebu lungguh.” Ibune Diana manggake
“Inggih buk, matur nuwun, Diana wonten?” karo mesem
          “Iya ana, kae bocahe lagi nek jero kamar.”
          Ibune Diana lunga ninggalake Karin sing lagi lungguh banjur marani lan ngandani Diana kang lagi nek kamar. Diana ngerti nek sahabate lagi dolan ing ngomahe. Dheweke langsung metu saka kamar, nemoni kang lagi lungguh ngenteni ing ruang tamu. 
          “Ana apa Rin?” takon
“ Iki lho.., aku gawake jajan kanggo kuwe.” Nyodorke plastik isine jajan
          “ Walah…, ileng aku to jebule.” Ambi guyu
“Iya ya lah, nek aku ora ileng kuwe, aku gak bakal rene gawake bungkusan.” Nesu nanging guyon.
“Iya – iya aku ngerti, aja nesu to, nek nesu ayune ilang lho.” Mbeda
Karin dijak pindah ing kamareamerga luwih penak ngomong  ngomong lan curhat ing kana. Kamar Diana kesusun rapi kayak kapribadiane, kamare nyaman banget yen dienggoni. Kamar kuwi di desain miturut kekarepane Diana. Apa maneh senengane mekey mouse, dadi ya barang-barang sing ana ing kamare gambaran mekey mouse.
Ana swara wong mlaku nuju kamar yaiku ibune kang lagi gawa nampan.
“Diana iki piye to, kancane dolan malah dianggurke”. Ibu nyelehke gelas lan piring ing meja.
“Boten punapa-punapa dianggurke buk, ngeteniki malah ngrepotke”. Pekewuh
“Ora apa-apa, ora ngrepotke nduk. Ya wis kuwi dimaem jajane.
Ibune Diana metu saka kamar, bocah loro kae padha curhat – curhatan. Sing dominan curahat Karin, kang nyritake babagan wingi pas liburan karo kanca – kanca kelas. Saking semangate crita nganti diekspresikan. Padha curhat, ora krasa jajan lan ngumbenan kang disugano nganti ntek amblas. Uga saking asyike ora krasa nganti jam telu sore. Ngerti jam telu sore Karin lngsung pamitan karo Diana lan Ibune Diana.
***
Ujian Nasional saya cedak mung kari itungan jam. Bengine Diana mung maca – maca buku, bar maca terus nyiapake sesok kang digawa kanggo Ujian. Sing di gawa yaiku petelot 2B supaya bisa kewaca ing komputer, setip, penggaris, sisikan, papan kanggo lemekan lembar jawab. Rampung nyiapake peralatan tulis Diana langsung supaya sesok yen ngerjake Ujian bisa seger lan bisa garab soal.
Pajar jam 04.30 WIB, dheweke langsung tangi, ngresiki kasur, sholat, adus, dandan, rambute dikuncir dibentuk buntut jaran (ekor kuda), rambute kang dikuncir rapi terus ngecek peralatan kanggo Ujian sing wis mlebu ing tas supaya ora ana sing ketinggalan, uwis siap kabeh langsung ninggalake kamar, mlaku ing ruang makan, langsung sarapan kang uwis dicepake ibune ing meja. Rampung sarapan Diana banjur marani bapak/ibu yen nyuwun donga lan restu marang wong tua.
Diana mangkat sekolah langsung nuju sekolahan, dheweke biasane mangkat bebarengan karo sahabate nanging dina iki padha mangkat dhewe – dhewe amarga dina pertama Ujian nasional lan ora kepingin mangkat telat. Ujian kalaksanan wiwit dina Senin nganti dina Kamis.
Mlebu ujian jam 07.30 WIB. Diana tekan sekolahan jam pitu kurang. Jam setengah wolu bel sekolahan muni ping telu “tet…tet…tet…” yen tandane wayahe mlebu ruangan.
Ujian dimulai suasana tenang, henig, lan para siswa sibuk ngerjake soal-soal kang ana ing ngarepe. Bel ping telu “tet… tet.. tet...” pratanda waktu ngerjake uwes entek. Banjur siswa-siswa metu saka ruangan.
Tekan ngomah Diana maem lan leyeh-leyeh ing taman samping omah. Basan Bapak lan ibune lagi bali kerja, ijeh nganggo seragam kerja durung sempet salin langsung goleki lan nakoni anake.
“Din…diana…” swara bater nanging alus
“Dalem..” langsung mlaku nuju swara.
“Piye mau ujianmu, bisa garap apa gak?” pitakone bapak  lan ibu.
“Alhamdulilah saged, ananging asilipun mangke kula pasrahaken dhateng Gusti”. Wangsulane Diana
Bapak lan Ibune lega krungu jawabane anake sing ngucapake tanpa ragu – ragu. Patang dina ujian kalampahan lancar. Ujian rampung kari ngenteni sesasi bijine metu.
Sesasi ngenteni biji metu, Diana bingung nentukake arep kuliah ing ngendi. Ambi nunggu biji metu lan nganggur ing ngomah, Diana golek informasi lan browsing babagan arep nerusake ing ngendi. Dheweke nyuwun pendapat ing wong tuane lan sahabate Karin. Akhire jajal – jajal tes ing UNIVERSTAS Jawa Tengah uga Jawa Timur.
Sesasi ngenteni asil biji ujian akhire metu. Pengumuman asil ujian kudu di jupuk wong tuan siswa. Pramila sing ngerti biji sepisanan mung wong tua. Alhamdulilah lulus lan kanthi biji lumayan apik. Diana ngerti yen lulus, langsung takon Karin kabare sahabate kuwi. Delalah ketemu ing dalan ing kana wong loro padha omong – omongan, yen Karin ya pada lulus lan asile lumayan apik.
“Ameh neruske kuliah ing ngendi Rin?” nakoni
“Aku bingung, nanging rencana iki arep jajal ing UNIVERSITAS ing Bandung.” Jawabe Karin
“Lha kuwe rencanane nek ndi?”
“Aku rencana nek Jawa Timur.” Jawabe Diana
Diana kang sekolahe bebarengan terus karo Karin, rencanane iki cah loro padha pisah sekolah utawa kuliah amerga duweni kekarepan bedha – bedha. Sanadjan kuliahe bedha – bedha nanging persabatane tetep langgeng lan ara ana sing bisa misahke.
Wektu biji ujian nasional metu, gang seminggu pengumuman ketrima apa orane ing Universitas Negri.  Delalah ing apa kang dipilih ora lolos. Sanadjan ora lolos nanging tetep semangat lan ora gawe putus asa. Sawijing dina, Diana jajal ngleboni Universitas swasta kang terkenal ing Jawa Timur. Wektu tes dheweke diterke wong tuane.
Wektu pengumuman, delalah Diana lolos tes lan lolos wawancara. Dheweke kari ngurusi daftar ulang. Diana ketampa ing salah sijini Univesitas kang ana ing Jawa Timur, pramila dheweke ora pengen jajal daftar ing Universtas liyane, amerga dheweke uwes seneng lan manteb ing kana. Wektu kuwi Diana entuk SMS saka sahabate Karin yen Karin uwis ketampa ing Universitas Jogyakarta.
Sadurunge mlebu kuliah Karin pengen ketemu karo Diana amerga pengen crita – crita lan temu kangen. Karin SMS kang isine ngajak ketemuan ing taman kota.
Dina Minggu, Diana siap – siap lunga menyang taman Kota. Diana ngampiri Karin disik merga omahe cedak nanging bedha komplek. Banjur wong loro padha beboncengan numpak motor.
“Piye Din, Wingi wektu tes?” bonceng ing motor
“Ya ngana kae lah.” Jawab singkat
Cah loro kuwi ngomong – ngomong karo numpak motor supaya ora sepi lan sing nyetir motor ora sepaneng. Saking asike omong – omongan ora krasa yen uwis tekan nggone yaiku ing taman kota langsung golek posisi kang kepenak lan mesen jajanan. Uwis entok panggonan sing kepenak cah loro kae padha guneman lan guyon.
“Rin, sidane ketampa nek ngendi?” takone Diana
“Alhamdulilah ketampa ing Universitas Negri kang ana ing Jogya karta.” Bersyukur lan seneng
“Oalah, alhamdulilah ya…” singkat nanging seneng merga sahabate bisa klebu apa sing dadi kekarepane.
“lha, kuwe sidane ketampa ing ngendi?” takone Karin di sambi ngombe
“Aku ketampa ing Universitas swasta ing Jawa Timur.” Jawabe Diana
“Iya ogak apa – apa ing kana. Kwalitase kana ya padha apike kok.” Sedaku ing meja
“Nek uwis padha pisah kanggo nentukake cita – cita, aja padha lali ya, aku bakal tak upakara supaya persahabatane kene tetep kagawa nganti tua.”
Tembung – tembung kang diucapna kuwi amerga Diana ora kepingin yen pisah lan kepengen langgeng nganti tuwa. Semana uga Karin ora kepingen yen kekancane kawit cilik pisah.
Apa kang ana ing atine cah loro padha di omongke dadi padha terbuka. Unek – unek apa kang ana ing atine uwes diomongke ora krasa yen uwis awan lan srengenge pas ana ing nduwur umbun – umbun.
Rampung Ujian Nasional, Diana dadi pengangguran sementara amerga sesasi luwih tengok – tengok ing ngomah. Sesasi luwih ing ngomah status pengangguran sementara bakal ilang. Yen Diana kurang seminggu maneh bakal merantau ing daerahe wong liya lan pisah karo wong tua kanggo golek elmu.
***
                                            






2.  KULIAH
                                        

   L
iburan ing ngomah uwes rampung, saiki mikir kuliahe kanggo mujudke cita – cita lan bisa nyenengake wong tua. Sakdurunge kuliahe di mulai, Diana  kudu PEKKA lan POEMA kanggo perkenalan kampus. Ing kana ora mung perkenalan kampus nanging mental calon mahasiswa di didik supaya nduweni akhlak kang apik.
          Seminggu PEKKA lan POEMA acarane lancar. Dina Senin diwiwiti kuliah perdana. Kuliah perdana yaiku kuliah kang ora langsung mlebu pelajaran nanging perkenalan karo kanca, dosen, mata kuliah, lan kontrak kuliah. Dadi kuliah durung dimulai kanggo mlebu ing mata kuliah.
          Diana kost ing sekitar kampus, nek mlaku kira – kira limang menit wis tekan kampus. Ing kost delalah sekamar karo sakdaerahe dewe yaiku daerah Wonogiri nanging bedha Desa. Sing sakamare jenenge Nur padha semerter siji lan jurusane bedha karo Diana.
          Uwis sesasi Diana nampa mata kuliah kanthi lancar. Dheweke bersyukur lan seneng bisa kuliah, merga akih wong – wong sakngisore ora bisa kuliah, dadine Diana emoh nyia – nyiake kuliah kang uwis di biayai karo wong tua. Diana ngrasake yen kuliah beda karo ndek SMA. Diana ora mung ngrasake kuliahe beda nanging uga wong – wong ing sekitare ya padha ae pedha. Bedha yaiku wong – wong ing sekitare kuwi saka daerah kang bedha, mula kuwi carane ngomong, tingkah lakune ya bedha.
Diana karo kancane sekamar yaiku Nur, selot suwi cah loro kuwi akrab, golek apa – apa ya bareng kuwi sing marake akrab. Kancane sekamar kuwi duweni watak keras, humoris, ceplas – ceplos nek omongan, apa maneh nek galau masalah percintaan bocahe gampang nangis lan yen nangis kuat suwi.
Wis ana karo tengah semester Diana ketambahan kanca kang jenenge Lina. Lina duweni watak humoris, grapyak, nanging nek nduweni masalah wonge langsung meneng. Lina sakkost karo Diana lan Nur.
Diana, Nur, lan Lina yen lelungan beberengan. Cah telu kuwi mitra kenthel. Cah telu kuwi padha kost nanging bedha jurusan. Perbedaan cah telu kuwi sing gawe saling padha ngerteni siji lan sijine. Sanadyan duwe mitra kethel kang anyar, Diana ora gampang nglaleke sahabate kawit cilik. Diana tetep kontek-kontekan karo Karin nanging ora saben dina, paling yen kontek-kontekan seminggu pisan lan nek ora pas wektu longgar.
Diana seneng banget amerga kanca-kanca kang ana ing sekitare padha ndukung lan nyenengke. Dadi dheweke krasan ana ing kost lan ing kampus. Dheweke nyoba melu organisasi Hima kang ana ing tingkat progdi. Dheweke nakoni kanca sekelas kang melu organisasi kasebut.
“Fitra, sido melu organisasi apa gak?” Takon Diana
“Sida melu, lha kuwe?” Lungguh
“Oalah…., iku ana tes seleksine apa gx?” takon maneh  
“Ana, sok rebu seleksine.”
Diana karo Fitra kancane sekelas padha rembukan ing kelas babagan organisasi. Diana biyen wektu SMP, SMA ora tau melu sing jenenge organisasi amerga biyen yen melu organisasi ing sekolah ora dientuki karo wong tuane. Dadi wektu kuliah iki Diana pengen melu organisasi supaya ngerti carane sosialisai, ngerti carane organisasi lan tambah kanca.
Dina Rebu tabuh telu sore tes seleksi kawiwitan lan nyeleksi senior – senior kang ana ing Hima Progdi. Tes seleksine yaiku saben wong di takoni utawa diwawancara babagan organisasi. Rong jam luwih seleksine uwes rampung.
Rong minggu Diana lagi entuk saka saka SMS saka senior yen dheweke klebu ana utawa gabung ana ing organisasi Progdi. Ora nyangka dheweke bisa klebu ing kono. Dheweke ketampa langsung ngubungi Fitra lan nakoni langsung wektu ing kampus.
“Fit, entuk SMS apa gak?” nyegat Fitra kang lagi mlaku
“Entuk Na, lha kuwe?” ngadek ing pinggir
“Walah padha, aku ya padha bae entuk.” Omong-omongan karo ngadek.
Cah loro kuwi omong-omongan karo ngadek banjur golek panggonan kanggo lungguh supaya luwih
kepenak lan nek diengeti uwong ya padha kepenak.
                             ***
Pirang – pirang minggu utawa uwes sasenan mlebu ing organisasi dadi ya uwis kenal karo senior – senior lan anggota kang ana ing kana. Kekeluargaan kang terjalin ing kono kekeluargaane raket banget amarga ing kana ora bedhak – bedhakke endi senior lan endi junior dadi ing  kaya sedulur dewe kayak mas/mbak karo adhine.
Yen ora ana acara kerjane santai utawa ora ana panggawean nanging yen uwis ana kegiatan panggaweane akeh banget nganthi baline sore – sore terus. Bali sore-sore iku ora ana apa – apa amerga entuk elmu lan pengalaman kang ora kabeh uwong entuk pengalaman kuwi.
Wektu memperingati dina Kartini, wonten acara Kartinan kang diselenggarakake ana ing kampus. Ana ing acara kuwi, ing struktur kepanitian Diana dadi PJ humas. Ing kana dheweke bingung apa kang arep dilakokake. Diana ora mudeng langsung takon karo mbak Juju kang uwes pengalaman ing organisasi.
“Mbak, menika kados pundi no. HP bapak/ibu dosen?” bingung.
“Iki no. HP_ne, bapak, ibu dosen di SMS ya, supaya ngerti sapa sing bisa mangkat ing acara Kartini.” Jawabe mbak Juju
“ Iya mbak, lha ukrane kados pundi mbak?”
“Ngeneki ukarane.”
Banjur Diana SMS bapak,ibu dosen. Tugas kang dikerjake Diana lancar lan miturut prosedur. Delalah pas SMS kang ditujuke kanggo Dekan malah keliru dikirim ing dosen. Lha, Diana bingung, yen ngomong karo mbak Juju mesti diamuk.  Trus ana balesan SMS saka dosen.
“Punika ingkang bikak adicara punika kula mbak?”
Diana bingung entuk balesan SMS kaya mengkono. Dheweke langsung meneng lan mikir ing kursi. Yen dheweke ngomong mengko malah diamuk yen ora ngomong malah mengko luwih ruwet. Diana krungu ana swara wong mlaku kang nuju dheweke, selot suwi swara kuwi sangsanya cedhak, nanging dheweke tetep ana ing posisis lungguh ing kursi.
“Na, dosen – dosen uwis dikabari to?” ngadek ing narepe Diana.
“A..a..a…nu.., mbak.” Gagap pas ditakoni
“Anu….anu apa? Kuwe kenapa to Na, kok malah omonganmu kaya mengkono.”  Bingung
“Nyuwun pangapunten mbak.” Lungguh kursi
“Kenapa malah jaluk pangapura, panggaweanmu uwes mbok tindakake to?” lungguh ing kursi kang cumawis ana ing ruangan.
“Sampun, nanging SMS kangge dekan punika salah kirim wonten ing dosen sanes mbak. Punika kados pundi?” takon supaya mengko ora ruwet.
“ Ngunu kuwi mau mbok ya langsung takon, ya est ndang dibalesi nek salah kirim.” Rada jengkel.
“Iya mbak.” Jawabe Diana
“Yen ana apa – apa ngunuku mengko takon, aja mung meneng bae.” Ngandani
Diana lansung balesi dosene supaya ora ana salah paham. Masalah kuwi uwes rampung, dheweke langsung nandhamgi panggawean liya.
Uwis bengi banget panggawean wis padha rampung lan sing liyane wis ora ana tanggung jawab padha turu ing kampus, amerga esuke acarane diwiwiti.
Sak durunge Diana turu diwenehi kembang Ardi sing dijipuk saka dekorasi, Diana bingung apa maksude diwenehi kembang karo Ardi. Banjur Diana ndelosoran ing kramik kang uwes dilemeki klasa.
“Iki lho, jaket.” tangane diulurke karo gawa jaket.
“Kanggo apa?” ganti nakoni
“Iki nek mbok nggo turu, ben ora atis.” Tengok – tengok ing ngarepe Diana
“ ora usah, matur nuwun, kanggo kuwe bae.” Lungguh
Diana nolak jaket sing arep diwenehke Ardi. Basan ditolak, jaket kuwe langsung disaut karo mbak Tya sing lungguhe jejer karo Diana. Jaket kuwi langsung dienggo turu mbak Tya. Jam 01.00 WIB, langsung padha turu kabeh ing dhuwure klasa.
Jam papat esok tangi, lan bali ing koste dewe – dewe lan mengko jam setengah pitu malik meneh ing kampus kanggo ngelaksanakake acara kasebut.
Jam setengah pitu Diana uwes tekan panggonane lan lungguh ing ing ngarep meja presensi kanggo mahasiswa – mahasiswa, tamu undangan sing padha teka. Acarane kawiwitan tabuh 08.00 WIB lan purna tabuh 14.00.
Acarane lancar lan sukses, rampung acara langsung padha ringkes – ringkes lan resik – resik. Diana mlaku nuju ruangan arep jupuk sapu kanggo nyaponi ing plataran. Wektu arep mlebu ruangan Diana mikir – mikir mlebu apa ora amerga ing kana ana Ardi. Akhire Diana mutuske kanggo mlebu ruangan jupuk sapu lan pas mlaku arep jupuk sapu Diana mung mesem banjur nuju lawang.
“Heh…” nyegat langsung nyekel tangane Diana.
“Apa…???” tangane dikipatno
“Ayo foto ambi aku disik, mengko tanganmu lagi tak culke.” Ijeh nyekel tangane Diana.
“Emoh…., aku moh foto, tulung culke tanganku. Aku arep resik – resik kae lho.” Ngadek lan ngobah – ngobahke tangane terus.
“Lha mulakno, ayo foto mbi aku, aku kepingin foto mbi kuwe.” Ijeh tetep nyekel tangane Diana.
Tanpa mikir dawa, akhire Diana nuruti panjaluke Ardi merga Diana ora kepenak lan isen diingeti wong, yen tangane dicekeli Ardi terus.
“Ayo, arep foto ing ngendi?” nuruti Ardi
“nek kana lho.” Mlaku lan ngeculke tangane Diana
Diana mlaku, ngetotke mlakune Ardi kang arep jaluk foto bareng. Cah loro langsung foto bareng sanadyan Diana iseh kaku karo Ardi. Uwis bar foto bareng, Diana ditawani asil foto mau di kirim ing Hpne nanging dheweke emoh.
Rampung resik – resik langsung padha bali ing kostse dewe – dewe. Bali saka kagiatan lan tekan kost langsung salin klambi lan leyeh – leyeh ing kamare. Leyeh – leyeh ing kamar, Diana malah keliangan bae karo bocah lanang sing jenenge Ardi.
***
Subuh – subuh  Diana uwis tangi merga arep nandangi kwajibane, dheweke mlaku jupuk banyu kanggo wundhu. Rampung Sholat, Dheweke mbalik turu maneh amerga mangkat kuliah jam 10.50. Sanadyan mangkat kuliah awan wektu kang longgar kuwi ora dienggo turu nganti awan. Jam setengah pitu Diana tangi maneh amerga srengenge uwis dhuwur. Tangi lan ninggalke kasur, lansung jupuki pakian sing reget banjur dikumbahi ing kamar mandi lansung menisan adus.
Rampung adus, dheweke memeni sandhangan kang uwis di kumbahi mau. Penggean uwis rampung lansung dandan, salin, lan jilbaban ing ngarep kaca. Diana biyen gadis kang rambute di rembyak ananging basan kuliah, Diana berhijab kanggo nutupi aurat. Rampung kabeh Diana langsung mangkat kuliah.
Metu saka kamar lan ngunci lawang banjur metu saka kost lan mlaku nuju kampus kanggo ngangsu elmu. Wektu dina kuwi, dina Selasa, dheweke entuk mata kuliah Psikologi Belajar. Dheweke senenng yen entuk mata kuliah kasebut, amerga dosene nyenengke lan diajak sinau kang bisa nyenengake. Ing mata kuliah kuwi ana tugas kelompok kang saben kelompok ana  lima anggota. Metu saka kelas langsung pada kumpul kanggo bahas tugas kelompok. Saben wong entuk tugas dewe – dewe. Ing kana bingung karo anggota sing ora tau mangkat kuliah. Kancane kuwi sing jenenge Rukmini dikandani
“Iki bagian tugasmu, nek ana sing ora mudeng mengko takono trus dirembug bareng.” Diana Nuduhke bagiane kancane
“Iya” Rukmini jawab singkat.
“Aja mung ngomomg iya, nanging di kudu ditandangi lan dilakoni. Purwa negaske lan nyinder rukmini.
“Iya – iya gamapang, ora usah ndadak kaya ngono lan ekspresine ya biasa bae napa…..” Jawab rada sengit karo mlengosi Purwa.
“Uwis, ora usah pada padudon…” nengahi Rukmini lan Purwa.
Rukmini lan Purwa lansung padha mlengos nanging Diana tetep nyatukake wong loro kuwi supaya ora tukaran. Uwis bar ngrembuk tugas kelompok. Diana melu rapat HIMA. Arep bali, delalah malah ketemu Ardi ing lantai ngisor. Bocah loro kuwi mung padha guyu lan Diana langsung bali nuju kost.
Bengi-bengi wektu garap tugas, HP ing dhuwur kasur muni swarane lan getar. Laptop di sing maune di cekel langsung ditinggal, beralih ing HP_ne sing muni mau. Bukak HP malah kaget amerga entuk SMS saka wong sing ora di sangka Diana. Diana entuk SMS kuwi duweni rasa kaget nanging atine Bungah. Diana jaim arep balesi SMS sing saka Ardi lan mung di waca – waca tok.
Esuk – esuk mangkat kuliah Diana di cegat.
“Kenapa, SMS saka aku ndek bengi ora mbok balesi?” takon karo nyekel tangane Diana.
“Oooww, saka kuwe to…., aku ora ngerti nek saka kuwe. Kuwe SMS ya ora mbuk kei identitas.Ya uwis ya, aku arep kuliah disik.” Jawabe Diana karo diluk.
“Ya uwis, ayo bareng munggah.” Ngingeti Diana
Wong loro kuwi langsung mlaku lan munggah bareng nuju kelas sing arep dienggo kuliah. Sak durunge mlebu kelas cah loro lungguh bareng ing ngarep kelas. Diana bungah banget merga ora di sangka bisa cedak karo Ardi.
Diana karo Ardi beda kelas nanging padha sak angkatan. Ardi ngejaki lunga dadi tamu undangan ing acara BEM Universitas nanging Diana nolak ajakane Ardi merga Diana ngeboti ngrerjake tugas. Sanadyan ajakane Ardi kerep di tolak, Ardi tetep nyedaki Diana lan pengen dolan ing kost.
Diana bingung karo perasaane dewe, amerga dheweke durung ngerti watak asline Ardi kaya kepiye. Ananging yen wis kebacut tresna dikepiye bae Diana uwis berpikiran positif karo sing jenenge Ardi.
***









3.    AMBAL WARSA

S
ore – sore HP_ne muni ana swarane, yen isine pengurus Hima wajib melu acara TD sing diselenggarake saka Fakultas. Diana bingung arep melu apa ora amerga pas tanggal kuwi dheweke pengen bali lan kumpul karo kluarga lan ana acara sing dilaksanakake setahun pisan.
Esuke, Diana mangkat kuliah banjur nakoni kanca – kanca kelase sing melu acara saka Fakultas. Delalah ditakoni jawabane padha kabeh yaiku melu ing acara kuwi. Dheweke ijeh bingung karo masalah kuwi, nanging dheweke kudu cepet jupuk keputusan.
Pas ana ing Hall kampus lantai papat, Diana karo Fitra mlaku nuju ruangan sing arep dienggo rapat. Ing ruangan kuwi ana Ardi sing lagi lungguh ing pojokan. Diana mlebu ruangan langsung lungguh karo Fitra. Asik – asike Diana omongan karo Fira, ana swara sikil sing lagi mlaku lan dirungokke selot suwi sangsaya cedak nuju panggon lungguhe Diana.
“Melu apa ora?” Takone Ardi.
“Kayake aku ora melu merga aku pengen bali omah.” Iseh bingung
“Yen ora melu merga alesanmu mung ngono tetep bae ora dientuki mbak Juju. Uwis melu bae, mengko tak bayarke kanggo pendaftaran.”  Lungguh ing sandingi Diana.
“Ora usah.” Lungguh tangane sedakep ing meja.
Akhire Diana mutuske melu acara kasebut lan milih ora bali. Diana bayar kanggo pendaftaran ing bendahara. Acarane kuwi dilaksanakake tanggal 24 dina Sabtu.
Jum’at bengi Diana natani barang – barang kang arep digawa kanggo esuke supaya esuke langsung kari mangkat. Rampung ringkes – ringkes barange kang di gawa lansung turu merga mangkate esuk jam 06.00.
Wektu dina sabtu nganti dina minggu acarane kalaksanan lancar. Pas dina minggu hari terakhir ing darah Singasari ana acara evaluasi kanggo peserta. Wektu evaluasi kawiwitan, peserta sing ora tertib pas acara berlangsung pada di tunjuki lan maju ing ngarep, trus ditakoni kayak wong dipidana. Ing kono Diana tenang – tenang bae amerga dheweke rumangsa tertib lan ora nglanggar aturan. Diana mung ngadek karo kanca –kancane ambi perasaan tenang, nanging panitiane ngamong yen ana peserta sing ora ngakoni kesalahane. Lha panitiane malah nyebut jeneng Diana. Diana langsung kaget jenenge di sebut nanging ing kana ana jeneng Diana loro yaiku Dianaka lan dheweke Diana Kurnia.
Lha ing kana sing disebut jenenge Diana Kurnia, trus dheweke langsung maju mengarep, dheweke maju biasa bae amarga rumangsa ora duwe salah, nanging Diana di pojokke karo panitiane yen dheweke salah. Diana di amuk – amuk yen dheweke uwis melanggar aturan yaiku turu pas acara. Ananging Diana ora rumangsa nglakoni kuwi lan bantah apa sing uwis di tuduhake dening panitia. Diana bantah malah ganti tambah di amuk, trus dheweke mung bisa meneng bae.
Kanca – kanca liyane diukum nek ngarep tanpa di amuk – amuk. Kari Diana sing ijeh tengok – tengok ing ngarep. Pas lagi emosi memuncak ujuk – ujuk saka mburi Diana di gebyur banyu rusoh sing di campur karo endok. Banjur panitia lan kanca – kancane menehi ucapan sugeng ambal warsa, nyalami tangane Diana lan panitiane jaluk pangapura karo kadadean kasebut.
“Diana, aku perwakilan saka panitia jaluk pangapura, iku mau merga idene Ardi.” Tangane salaman.
“Iya, boten napa – napa mas.” Kaget
Ardi sing maune ora ana ing lokasi kuwi, ujuk – ujuk Ardi metu marani Diana sing lagi bae bar digebyur nganggo banyu rusoh. Ardi nyalami Diana menehi ucapan selamat, Ardi uga tanggung jawab karo rencanane sing uwis kasil. Ardi jupuke banyu resik lan nukokke sampho kanggo kramas Diana.
Diana Bungah banget amarga kadadean kuwi ora di duga. Wiwit biyen nganti kuliah nembe kuwi Diana entuk surprise saka wong kang gawe atine dheg – dhegan, saka kanca – kancane, lan panitia. Dadi rasa kang seneng banget kuwi nganti ora bisa di ucapke nganggo tembung – tembung. Sanadyan ora bisa kumpul lan ngrayake karo keluarga nanging bisa di ganti karo wong – wong sing sayang ing sekitare Diana.
 Bali saka kagiatan nuju kampus numpak bus, cah loro kuwi lungguh bareng lan bali bareng. Wektu bali Diana di janjini yen arep dolan nek kost. Diana mung manthuk – manthuk.
Tekan kost Diana entuk surprise saka kanca kost yaiku Nur, Lina, Jannah. Diana mung bisa ngucapke matur nuwun, amarga ora bisa bales ketulusane kanca – kanca sing sayang karo dheweke.
Bengine, Diana diparani Ardi ing ngarep kost. Wong loro kuwi lungguh bareng. Diana kaget karo Ardi sing ora kaya biasane. Ardi ing ngarep kost gawa gitar.
“Seneng lagu apa?” Takonane Ardi karo gawa gitar.
“eeeemmmmtsssss…..” Mikir
Diana ora jawab – jawab pitakone saka Ardi, Ardi tanpa mikir suwi langsung nyanyike lagu kang judule Kau tercipta unutukku kang diiringi nganggo gitar. Ing ambal warsane Diana akih hal – hal kang ora di sangka.
***
Kawit biyen Diana arep bali ora bisa merga ana kegiatan kampus kang dadi pepalang, akhire dina Jum’at bisa bali ing kampunge. Rasa kangen karo wong tuane uwis ora bisa diempet maneh.
Tekan ngomah Diana langsung istirahat, pas lagi istirahat, leyeh – leyeh karo wong tuane ing jero omah, Diana langsung crita karo wong tuane babagan pengalamane kang pas wingi sing dialami. Saking asike crita lan bisa ketemu karo wong tuane, rasa kesel Diana langsung ilang. Ing ambal warsa taun iki berkesan banget kanggo Diana nanging kurang lengkap amarga ora ana sahabate cilik yaiku Karin.
***






4.  CINTA PERTAMA
     

S
ore – sore Diana nyetrika ing jero kamar, sandhangan satumpuk sing lecek – lecek disetrikani kabeh, di tata kaya tumpukan bata, lan di simpen ing jero lemari. Rampung nyetrika, Diana njujuk kamar mandi karo gawa anduk, sabun adus, lan klambi sing arep dienggo salin.
          Diana, mlebu kamar terus dandan lan nyiapna pakaian sing apik kanggo lelungan. Dheweke milih – milih klambi lan di jajal – jajal klambi endi sing pas kanggo awake, jajal klambi nganti limang menit dewe. Durung dandane. Akhire Diana nganggo klambi warna abang lan jilbab warna abang, nanging kudhungane di bentuk biasa. Uwis bar dandan langsung metu saka kost merga dienteni cah lanang yaiku Ardi.
          “Uwis kawit mau?” takone Diana
“Ora kok, lagi bae tekan kene.” Ngadek samping motor.
“Lha…., emang iki arep nek ndi?” Ngadek nyekeleni helm.
“Uwis, kuwe manut bae, ayo ndang numpak motor.” numpaki motor
Tanpa mikir suwi, Diana numpak motore Ardi. Ing dalan Diana di boncenge Ardi, dheweke mung meneng bae. Motore mlaku nuju ing taman Pelangi. Setengah jam uwes tekan papan panggonane yaiku ing taman Pelangi. Tekan panggonan langsung medun saka motor lan mlaku marani panggonan sing bisa di enggo lungguh. Cah loro lungguh omong – omongan.
“Diana, aku arep ngomong hal penting.” Lungguh karo ngomong serius.
“Arep ngomong apa to, kayake kok serius.” Lungguh, gawa tas.
“Aku bingung, arep ngomong saka ngendi.”
“ Nek bingung, mending cekelan cagak listrik bae.” Jawabi karo guyon.
“Piye nek aku cekelan karo kuwe bae.” Guyoni
“Cekelan aku mengko malah tambah bingung. Jawabe Diana.
Cah loro kuwi malah padha guyon, nganti Ardi suwi arep ngungkapno apa sing arep di omongke Ardi marang Diana. Ujuk – ujuk Ardi langsung nyekel pundake Diana.
“Diana, aku sakbenere pengen ngomong karo kuwe tentang perasaanku iki kawit biyen.” Nyekel pundake Diana.
“Ngomong apa? Kok kayane serius.” Diana deg – dhegan.
“ Aku kawit biyen nyedaki kuwe kie aku duweni maksud. Maksudku tak sampaike dina iki ben atiku plong. Diana aku tresna marang sliramu.” Tangane loro nyekel tangane Diana.
“aaaakkkuu….. aaakkkuuu…..,” Gugup
“Kenapa???” Takonane Ardi
“Pitakonmu tak jawab sesok bae ya? Aku ijeh bingung karo jawabane.” Ngeculke tangane saka gegemane Ardi.
“Aku pengene kuwe jawab saiki, berarti kuwe yen ora jawab tak anggep kuwe nolak aku.” Ardi ngingeti Diana.
Diana mikir kanggo mutuske keputuan kuwi, merga nyangkut ati. Ana limang menit suasana hening, padha meneng – menengan. Diana tetep ijeh mikir jawabane kanggo Ardi.
“Piye Diana??? Nek kamu nolak ya tak terima, mungkin kuwe ora kanggo aku.” Pengen ngerti jawabane
“Iya, aku iya padha bae.” Manthuk – manthuk.
“Apa tenan karo jawabanmu kuwi?” Mastikake ing Diana karo nyekel tangane.
 Diana asline seneng banget Ardi nyatake perasaane kuwi, nanging rasa senenge kuwi ora di ketokke. Ardi iya padha bae seneng, yen Ardi rasa senenge diketoke beda karo Diana sing Jaim_e gedhe.
Pitakonane Ardi uwes kejawab, dadi atine Ardi uwes krasa plong. Ardi langsung nggandheng tangane Diana lan ngajaki mlaku - mlaku ing taman Pelangi. Swara adzan krungu ing kupinge Ardi lan Diana, Masjid uwis ngawe – ngawe, banjur Ardi lan Diana mlaku marak masjid kanggo nglaksanakake kwajibane telung rekaat.
Saka masjid, pasangan anyar kuwi golek maem lan maem bareng ing sekitar taman Pelangi. Diana ijeh ana isen – isene karo Ardi.
“Matur nuwun ya…..” disambi maem, nyekeleni sendok lan garpu.
“Matur nuwun kanggo apa?” maem
“Ya, kuwe uwes nrima aku.” Jawab tegas.
Diana mung manthuk – manthuke sirahe, tanpa ngetoke tetembungan saka lambene Diana.
***
Hubungane Ardi karo Diana uwes mlaku pirang – pirang wulan, yen di itung kira – kira uwes patang sasi. Saksuwene patang wulan hubungane ora ana masalah lan durung ana konflik.
Diana lan Ardi padha – podha cah organisasi utawa wong kang aktivis ing kampus. Pasangan kuwi padha nyekel janji – janji sing uwis digawe Ardi lan Diana,  Janji – janji lan kepercayaan sing gawe hubungane kuwi langgeng.
Pas Ardi ana kegiatan organisasi ing jaba kampus, Ardi pamitan disik karo Diana. Diana ngijinke Ardi lunga kanggo kegiatan kampus. Diana ya ngerteni Ardi yen melu organisasi iku kaya apa soale Diana dhewe ya padha bae kayak ngono.
Pas Diana lungguh ing taman samping kampus, Diana dicedaki wong wedon lan lungguh ing jejere Diana. Diana mung meneng lan cuwek merga dheweke asik maca buku. Wong wadon kuwi langsung ngajaki omongan Diana.
“Mbak, kuwe rak ya pacare Ardi to?” mangku tas sing di gawa.
“Iya mbak, kok ngerti? Emang kuwe sapa to?” Takon karo wong wadon sing lungguh ing jejere.
“Kenalke aku Ranti mantane Ardi biyen.” Salaman.
“Oalah….” Molak – malik buku
“Mbak, aku mung pengen ngandani karo kuwe, ati – ati bae yen kuwe karo Ardi, Ardi kuwi wong lanang sing ora bener lan senengane dolanan peraanne wong wadon. Ardi kuwi bisa di sebut wong lanang play boy utawa buaya darat. Dadi ati – ati bae kuwe. Makane kuwi aku ora tega yen kuwi mengko di larake athi.” Nyakinke Diana sing mulai terpengaruh.
“Lha apa kuwe duweni buktine?” Takon
“Nek masalah bukti aku duwe akih. Nanging aku ora tego bae karo kuwe yen mengko tak dhoke buktine nek kuwe.” Ngepuk pundhake Diana.
“Buktine dudoke aku saiki, nek pancen omonganmu kuwi bener.” Tangane Diana ngatong ing Ranti.
Ranti langsung buka tas sing di pangku lan goleki HP_ne sing nyimpen bukti – bukti. Ranti mejet–mejet HP_ne kanggo ngedoheke bukti ing Diana.
“Iki buktine, aku ora ngapusi.” Nyodorke HP_ne nek Diana.
“Apa iki tenan?” Kaget lan buku sing di gawa nganti tiba ing lemah.
“Iya iki tenan, iki tak kirim nek HP_mu. Kuwe sing sabar, di tinggal bae wong lanang kayak nginiki.” Ngepuk – ngepuk  pundake Diana.
Ranti nenangke Diane sing kaget kuwi, bar kuwi langsung ninggalke Diana sing lagi lungguh karo mesem sinis.
Diana ing jero athine nangis, nanging dheweke ora arep nangis ing ngarep umum. Diana sing maune maca buku semangat saiki ekspresi wajahe uwis lesu lan uwis ora duweni semangat. Diana langsung bali ing kost. Diana entuk SMS saka Ardi ora di bales lan di telfon ya ora di angkat. Pirang – pirang dina Diana emoh nampa kabar saka Ardi.
Diana ijeh mikir terus babagan foto – foto mesrane Ardi Karo wong wedok liya. Athine lara banget ngerti yen Ardi kelakuane kaya mangkana. Diana crita karo sahabat – sababate yaiku Nur lan Lina. Mung kancane kuwi sing dadi panggonan kanggo curhat Diana. Arep curhat ing sahabate kawit cilik, Diana ewuh lan ora pengen nglibatke Karin ing masalahe kuwi.
Bengi – bengi Diana diparani Ardi ing ngarep kost Diana. Diana di telfon dikon metu kost, nanging Diana ngejarne telfon saka Ardi. Diana uwis kedarung lara athi karo Ardi.
Wektu Diana arep metu golek cemilan, ing ngarep ijeh ana Ardi sing setia tengok – tengok ngenteni Diana metu saka kost. Ardi uwis ngenteni Diana ing jaba nganti suwi malah ora ditemoni lan malah di tinggal lunga golek cemilan. Sanadyan Ardi di jarke ing jaba, Ardi tetep ngenteni Diana bali.
Ardi bingung karo kelakuane Diana sing ora jelas. Kamangka Ardi ora gawe kesalahan marang Diana. Dadi Ardi bingung banget. Diana numpak motor karo kancane, motore mandek ing ngarep kost, Ardi langsung nyegat lan nyekel tangane Diana sing kelakuane lagi ora jelas.
“Apa to nyekel tanganku?” tangane Diana di kibat- kibatna.
“Aku salah apa, kok kuwe kayak ngene? Kamangka aku bela-belani bali saka kegiatan langsung mrene pengen ketemu karo kuwe, malah kuwe nesu – nesu ora jelas. Di hubungi iya ora ana jawaban. Apa kuwe uwis bosen lan ora kepingin karo mane?” geret Diana di jak lungguh ing lincak.
“Aku nesu – nesu lan ora ana kabar iku mergane ya kuwe.” mlengosi Ardi.
“Emange aku salah apa kok kuwu nganti nesu – nesu kaya ngono?” ngingeti Diana
“Apa kuwe ora krasa salah? Kuwe melu kegiatan wingi iku mung pengen mesra-mesranan karo wong wedok liya to?”
“Maksudmu iki apa? Aku lunga kuwi iya kanggo kegitan kampus ora lunga kanggo mesra-mesranan karo wong wedok liya.” jawab tanpa gugup.
“Nyoh, iki tak dohke buktine nek kuwe malah cekel-cekelan lan mesra-mesranan karo wong wedok liya.” Nyodorke HP sing isine foto.
“Walah, iki salah paham ya. Aku cekel-cekelan karo wong wedok sing ana ing foto iki merga kancaku iki arep tiba, langsung gondelan aku, aku ya nyekel tangane lan ora sengaja kancaku kuwi malah tiba ing pelukanku. Aku iya ora sengaja.” Jelaske ing Diana
“ Halah alasan…, ngomong bae pengen mesra-mesranan karo kancamu kuwi.” Mlengsi Ardi.
“Sumpah ya, apa sing tuduhke nek aku ora kaya  ngono kuwi. Iki mesti ana sing ngedu domba hubungane dhewe. Aku tak takon, foto iki sabenere saka ngendi?” nyekel tangane Diana.
“Saka Ranti mantanmu.” Ngingeti Ardi.
“Walah saka wong kuwi to. Ranti kuwi pancen mantanku nanging bar tak putuske dheweke ngomong nek aku, yen hubunganku nek pacaran karo wong wedok sak liyane Ranti iku ora bakal suwe. Dadine ya didhu kayak ngene.” Nyekeli tangan lan ngingeti Diana.
Ardi jelaske kabeh apa sing dadi kesalah pahaman antarane Ardi lan Diana. Ora krasa bahas masalah kuwi nganti jam sepuluh bengi, jam sepuluh bengi wae iku apa sing dicritake Ardi marang Diana durung rampung. Merga uwis wengi lan Ardi ya uwis kesel, dadine Ardi bali lan critane di lanjutke sesok esok maneh. Diana uwis mulai lega yen Ardi sabenere ora seelek kuwi.
Esuke sadurunge mangkat kuliah Diana nyepake peralatan kanggo kuliah kang dileboke tas. Ardi ngampiri Diana ing kost trus mangkat bareng menyang kampus. Tekan kampus langsung pisah merga Ardi duwe keperluan liyane.
Diana ketemu Fitra sing lagi ngantri lift. Bocah loro bebarengan nuju kelase. Arep menyang kelase sing arep dienggo kuliah, Diana ngerti ana Ranti mlaku terus Diana marani Ranti lan malah ninggalke Fitra.
“Diana, kuwe arep nek ngendi?” geret tangane Diana
“Engko sek, aku lagi ana urusan sediluk.” Noleh Fitra.
Diana langsung nututi mlakune Ranti, selot cedak, tangane Ranti dicekel terus di geret menyang kamar mandi.
“Ana apa to kok geret tanganku?” takonane Ranti.
Ppplllakkk….., Diana ujuk – ujuk nampar pipine Ratri tanpa omongan sing jelas. Diana arep nampar maneh, tangane Diana langsung dicekeli Fitra saka mburi, lan nenangke Diana sing lagi nesu – nesu ora jelas. Diana lan Ranti padha debat ing kamar mandi, Fitra nelfon Ardi supaya ndang nemoni Diana sing lagi nesu – nesu.
“Kenapa kuwe seneng banget ngrusak hubunganku karo Ardi. Emang aku duwe masalah karo kuwe? Kok bisa kuwe gawe fitnah kayak ngono lan ngeki foto sing ora padha karo kasunyatan.” Ndedes Ranti
“Kuwe kepingin ngerti aku bisa kayak ngono? Aku kayak ngono merga pacarmu. Kuwe uwis ngrebut Ardi saka aku.” Joroke Diana.
Diana dijorokke Ranti nganti tiba, Ardi saka mburi langsung nulungi Diana sing lagi tiba. Tangane Diana loro karone dicekeli lan diiwangi ngadek.
“Bisa apa gak sing alus sitik? Iki iku ora salahe Diana. Iki iku salahmu dewe. Kenapa aku ora cocok lan ora seneng karo kuwe, ya mergane kaya ngeneki, kuwe ora bisa nduweni sikap sing apik. Yen kuwe kaya ngene terus lan sikapmu ora mbok rubah kabeh wong sing cedak karo kuwe ora bakalan betah karo kuwe.” Ardi Ngingeti, ngomongi Ranti karo nyekeli Diana.
“Nanging aku ijeh tresna marang kuwe Ar…” nyekeli tangane Ardi.
“Aku uwis ora seneng karo kuwe, kuwe dhewe sing gawe aku kaya ngene iki. Aku uwis seneng karo Diana. Ngertia ya Ranti, tresnaku marang Diana diibaratna segedhe kuku.” Ngomonge Ardi.
Diana dituntun, langsung dijak Ardi metu saka kamar mandi. Ranti ditinggal ing kamar mandi. Metu saka kamar mandi, Diana dikon lungguh ing kursi. Ardi jelaske karo Diana yen tresnane Ardi marang Diana iku diibaratke segedhe kuku, sanadyan kuku namung cilik nanging yen kuku diketok bakal tukul terus, Kayadene tresnane Ardi bakal saben dina bakal tukul terus utawa rasa sayange bakal tukul terus lan ora bakal ilang. Ardi uwis bener – bener tresna marang Diana, Nganti Ardi rela buktike trenane marang Diana.
Wiwit Diana ngerti yen Ardi tenanan, Diana berkomitmen saling percaya antara siji lan sijine. Dheweke iya janji ora bakal nrima berita sing durung pasti.
Pacaran kang uwis entuk rong taun, Diana ngenalke Ardi ing sahabate cikik yaiku Karin. Diana karo Karin doubel date yaiku kencan karo pasangane dewe – dewe. Diana uga ngenalke Ardi ing wong tuane Diana, semana uga Ardi uwis ngenalke Diana ing wong tuane Ardi. Ardi lan Diana dadi pasangan sing diireni uwong – uwong amarga saka semboyane Ardi sing tresnane mung segedhe kuku, bisa gawe pasangan kuwi tambah mesra lan tambah sayang marang pasangane.

                   TAMAT


  


                       

Tidak ada komentar:

Posting Komentar